content top



KIDUNG RUMEKSO ING WENGI



ONO KIDUNG RUMEKSO ING WENGI 

TEGUH HAYU LUPUTO ING LORO

LUPUTING BILAHI KABEH 

JIM SYETAN DATAN PURUN

PANALUHAN TAN ORA WANI 

MIWAH PANGGAWE OLO

GUNANE WONG LUPUT

GENI ATEMAHAN TIRTO

MALING ADOH TAN WANI NGARAH ING MAMI 

GUNO DUDUK  PANSIRNO...



SAKEHING LORO PAN SAMIYO BALI

SAKEH NGAMA PAN SAMIYO MIRUDO

WELAS ASIH PANDULUNE 

SAKEHING BROJO LUPUT

KADIYO KAPUK TIBANING WESI 

SAKEHING WISO TOWO

SATO GALAK TUTUT 

KAYU AENG LEMAH SANGAR

SONGING LANDAK GUNONE WONG

LEMAH MIRING MIYANG PAKIPONE MERAK

PAGUPAKANE WARAK SAK KALIR...



NADYAN ARJO MIYANG SEGORO ASAT

TEMAHAN RAHAYU MANGKE 

DADIYO SALIRO AYU

ING NGIDERAN PRO WIDODARI 

RINEKSO ING MALAIKAT

LAN SAGUNGING PORO RASUL 

PINAYUNGANNING HYANG SUKMO...



ATI ADAM UTEKKU BAGINDO ESIS 

PANGUCAP NABI MUSO

PANAPASKU NABI ISO LUWIH 

NABI YAKUB PAMIARSONING WANG

DAUD SUARAKU MANGKE 

NABI IBRAHIM NYAWAKU

NABI SULAIMAN KASEKTEN MAMI 

NABI YUSUF RUPEWANG

NABI IDRIS RAMBUTKU...



BAGINDO ALI KULIT WANG

ABU BAKAR GETIH DAGING UMAR SINGGIH 

BALUNGKU BAGINDO USMAN

SUMSUM INGSUNG FATIMAH LINUWIH 

SITI AMINAH BAYUNING ANGGO

AYUB ING USUSKU MANGKE 

NABI NUH JEJANTUNG

NABI YUNUS ING OTOT MAMI 

NETRAKU YO MUHAMMAD

PANDULUKU RASUL, PINAYUNGAN ADAM HOWO

SAMPUN PEPAK SAK KATAHING PORO NABI, DADIYO SALIRO TUNGGAL...


********

ONO WIJI SAWIJI PANDADI


INGKANG PANCER SAKLUMAHING JAGAT

 
KASEMBADAN DINING DZATTE 

KANG MOCO KANG ANGRUNGU

KANG ANURAT, KANG ANYIMPENI 


DADIYO AYUNING JASAD,KINARYO SESEMBUR 


LAMUN KINOCO ING TOYO

KINARYO DUS PRAWAN TUWO AGELIS RABI 


WONG EDAN NULI WARAS

LAMUN ONO WONG KADENDO KAKI

WONG KABONDO WONG KAKEHAN UTANG, BECIK WACANEN AGE

ING WAYAH TENGAH DALU PING SEWELAS, WACANEN SINGGIH.

LUARING KANG KABONDO KANG KADENDO WURUNG

INGGAL NULI SINAURAN MRING HYANG SUKMO

KANG UTANG PUNIKO SINGGIH,KANG AGE NULI LUNAS.



LAMUN ARSO TULUS NANDUR PARI 


POSOWO SEWENGI SEDINO WAE

IDERONO GALENGANE, WACANEN KIDUNG IKU, SAKEH NGAMA TAN ORA WANI.

LAMUN SIRO ARSO PERANG, WATEGKEN ING SEKUL

ANGSALO TIGANG PULUKAN


MUNGSUH SIRO REP SIREP TAN ORA WANI

DADIYO UNGGUL PERANG SIRO


SING SOPO BISO REKE BISO ANGLAKONI

AMUTIHO LAWAN MANUWUHO PATANG PULUH DINO WAE

LAN TANGI WEKTU SUBUH 


LAN DEN SABAR SYUKURING ATI

INSYA ALLOH TINEKAN SAK KERSONE REKU 


TUMRAP SAK ANAK RABINYO

SAWABE ILMU PENGIKAT MAMI 


DOANING KALI JOGO
  
  
*******************************************************

TERJEMAHNYA 



Ada kidung buat berjaga dimalam hari
Yang menjadikan kuat 
Selamat terbebas dari semua penyakit
Terbebas dari segala macam petaka
Jin dan setan tidak akan mau mendekat
Segala jenis sihir tidak akan berani
Apalagi perbuatan jahat
Guna-guna/teluh akan tersingkir,Api akan menjadi air
Pencuripun menjauh dariku
Teluh (yang ditanam ditanah/pekarangan rumah  ) akan lenyap...


Semua penyakit kembali ketempat asalnya
Semua hama menyingkir dengan pandangan kasih
Semua senjata tidak akan mengena
Bagaikan kapuk yang jatuh dibesi
Semua  racun menjadi tawar
Binatang buas menjadi jinak
Pohon aneh, tanah angker
Lubang landak digunakan orang
Tanah miring menjadi sarang merak 
Dan tempat tinggal semua badak...


Meskipun keadaan samudera mengering
Tapi nanti semua  akan selamat
Menjadilah tubuh yang menawan
Karena  dikelilingi oleh bidadari 
Yang dijaga oleh malaikat 
Dan semua rasul dalam lindungan Tuhan...


Hatiku Adam dan otakku nabi Sis
Ucapanku adalah nabi Musa
Nafasku nabi Isa yang teramat mulia
Nabi Yakub pendenganranku
Nabi Daud menjadi suaraku
Nabi Ibrahim sebagai nyawaku
Nabi Sulaiman menjadi kesaktianku
Nabi Yusuf menjadi rupaku
Nabi Idris menjadi rambutku...


Sayyidina Ali sebagai kulitku
Abubakar darahku dan Umar dagingku
Sedangkan Usman sebagai tulangku
Sumsumku adalah Fatimah yang amat mulia
Siti Aminah sebagai kekuatan badanku
Nabi Ayub ada didalam ususku
Nabi Nuh didalam jantungku
Nabi Yunus didalam ototku
Penglihatanku adalah Nabi Muhammad.
Bulu halusku para rasul, dinaungi oleh Adam dan Hawa
Sudah lengkaplah semua Nabi, dan menjadilah satu badan...


 ********
Untuk tulisan yang berwarna biru tidak saya terjemahkan karna merupakan tata cara lakunya serta khasiat dari kidung tersebut. 

 
Wejangan :
 

Wontene pralambang tuwin pralampita minangka tuntunan dhateng para umat ingkang sampun ngambah tarekat wau, ingkang tamtu mikantuki, inggih kedah ngangge prabot saking bab-bab ingkang dipun senengi ing akathah saha gandheng kalayan kapidadosaning agaminipun.

Kasenenganing akathah ingkang makaten wau, saget pinanggih ing tetingalan ringgit purwa. Awit saking punika, mila tetingalan ringgit purwa ingkang sampun wonten samangke punika, inggih kedhah dipun ewahi kalarasaken kalayan kaislaman, dadosa srana penetah tumrap ummat Islam ingkang sampun ngambah tarekat.

Mila tetingalan ringgit purwa sami dipun senengi tetiyang kathah ingkang gandheng kalayan kapitadosning agami , jalaran : wonten tetingalan punika pancen iyasasanipun para ulu-uluning agami Siwah, kangge mujudaken piwulangipun ingkang kawrat ing serat Mahabharata. 

Kadasto : dumadosing para titah, poro dewa ingkang nitahaken, jim peri prayangan, suwarga neraka, pepasthining manungsa, sadayanipun saget kamot ing gambaran ringgit purwa. Jalaran saking wujud makaten wau, pangaji-ajinipun tetiyang kathah dhateng tetingalan ringgit, prasasat mboten bedo kaliyan pangaji-ajinipun dhateng poro dewa panutanipun. Saben tiyang nanggap wayang, tamtu mboten tilar upacara sesaji tuwin ketutug dupa ratus sapanungalipun kados dene sesaji dhateng poro dewa panutanipun.

Saking agenging kapitadosan, ngantos lahiripun jabang bayi ingkang manut kapitadosanipun agami Siwah tuwin Buda pinasthi dados mangsanipun Bothoro Kolo, ugeripun sampun dipun sranani tata cara ngruwat ingkang katidakaken sarana tetingalan ringgit lampahan murwakala, ngantos diwasaning bayi wau, sampun rinaos uwal saking papasthen dados mangsaning Bothoro Kolo. 

Mula kamosrikan ingkang ngantos samanten lebetipun puniko saking sakedik kedah dipun icali, nanging caranipun ngicali, kedah tansah kanthi kawicaksanan sampun ngantos damel kageting tyang kathah. Kaporo malah kaangkah sagetipun nuju prana.
 
Makaten wigatosing usulipun Kanjeng Sunan Kalijogo ing parepatanipun poro Wali. Usul wau ugi dipun sarujuki saha ugi katindhakaken. Upacara dalah lampah lampahipun, angeplek usul rebagipun Kanjeng Sunan Kalijogo.








0 komentar:

Posting Komentar

"Silahkan berkomentar yang baik, dan lebih mendekati pada kebenaran"



Semua Manusia akan rusak,kecuali yang Berilmu... Orang yang berilmu pun akan rusak ,kecuali orang yang beramal... Orang yang beramal juga akan rusak ,kecuali orang yang Ikhlas (Imam Al-Ghozali)