content top



PERCAKAPAN TENTANG SHOLAT


1.Amba anedha pawarta, kalaku matur ing Tuan, bab shalat napa, alenggah angsale saking punapa, pangadeg ngasalat, atanapi ingkang rukuhe, asale saking punapi.


Terjemahan :


Saya mohon berita, sehingga saya berkata pada Tuan, perihal shalat, duduk asalnya apa, berdiri dalam shalat dan juga ruku, itu asalnya dari apa.




2.Sujud angsale punapi, nabda Tuan jarwanana, kalawan malih lungguh, angsal saking punapa, kawula dereng wikan, kang Ulama alon muwus, ujare kang pun ulama.


Terjemahan :


Sujud asalnya apa, mohon Tuan Jabarkan, dan lagi duduk, asal dari apa, hamba belum tahu, sang Ulama berkata pelan bahwa menurut para ulama.




3.Pangadeg angsale saking api, dudu api keneng pejah, dudu api panas mangke, apeteng yen winicara, dudu api kinarya, kang tau kena dipun wurung, ingkang dalan kena ewah.


Terjemahan :


Berdiri asalnya api, bukan api yang bisa mati, bukan api yang panas, gelap jika dikisahkan, bukan api yang dibuat, yang tidak bisa dimatikan dan tak bisa berubah.


4.Dudu api kang kena wetisi, dudu api keneng owah, dudu api ingkang setan, iku Nini den waspada, ong api iku cahya, roh ilapi tegesipun, kadya katur sarya nembah.




Terjemahan :


Bukan api yang bisa didinginkan, bukan api yang bisa berubah, bukan api yang setan, itulah Nini waspadalah, dalam api itu ada cahaya (atau) roh idhafi maksudnya (Dewi Murtasiyah) berucap lalu menyembah.


5.Ingkang rukuk kadi pundit, angsale saking punapa, dipun prapta sajatine, gyata Ulama angandika dhuh Raden larening wang, manira iki angrungu, ujare kang pun ngulama.


Terjemahan :


Kemudian rukuk bagaimana, asalnya dari apa, sempurnakan kesejatiannya, segera Ulama berkata, dhuh Raden anakku, saya mendengar perkataan para ulama.




6.Arukuk angsale angina, dudu angina kenging pegat, dudu angin ngrubuhken kayon, dudu angina kang prahara, tan kagyat sanilika, dudu angin kenging teduh, sejatine iku napas.


Terjemahan :


Rukuk asalnya angin, bukan angin yang bisa berhenti, bukan angin yang merobohkan kekayuan, bukan angin prahara, tidak kaget seketika, bukan angin yang bisa dihentikan, sejatinya itu nafas.




7.Iya ingkang araning angina, puji kang tan kena pegat, iya napas sejatine, angenget pamujenira, siyang dalu tan pegat, iku angina ngaran tobat, datan kesela sanalika.


Terjemahan :


Yang dimaksud angin, puji tak pernah henti, yaitu nafas sejati, mengingat pujiannya, siang malam tanpa henti, itulah angin yang disebut total yang tak tersela seketika.




8.Iku tetalining urip, kang muji tan kena pegat, mubeng sadina wengine, datan kandheg sanalika, yekti rusak kang jagad, andene kang asujud, asal saking banyu ika.


Terjemahan :


Itulah tali pengikat hidup, yang memuji tanpa putus, berputar siang malam, tak berhenti seketika, akan rusak dunia (jika berhenti), sedangkan sujud asalnya air.




9.Dudu banyu ingkang mili, dudu banyu kena asat, banyu urip sejatine, anguripi ing sajagad, dudu urip keneng pejah, iya banyu tegesipun, urip langgeng ten kena wah.


Terjemahan :


Bukan air yang mengalir, bukan air yang bisa kering, air hidup sejati, yang menghidupi di dunia, bukan hidup yang bisa mati, yaitu maksudnya, air keabadian yang tak bisa berubah.




10.Sang Dyah Ayu matur malih, ingkang alinggih punika, sarta punapa angsale, Amba anyuwun wuninga, Sata Ulama lenggah, iya Nini ingkang lungguh, angsale bumi punika.


Terjemahan :


Sang Dyah Ayu berkata lagi, duduk itu, dari apa berasal,saya mohon diberitahu, Sang Ulama sambil duduk, iya Nini duduk berasal dari bumi.




10.Dudu bumi keneng gigrig, dudu bumi keneng gempal, yayah ing jisim tegese, bumi suci langgeng ika, lan paran karsanira, wonten malih aturingsun ? Rama Ulama wejanga.


Terjemahan :


Bukan bumi yang bisa bergetar, bukan bumi yang bisa gempa, (akan tetapi) artinya adalah jasad, itulah bumi suci yang abadi, nah sekarang apa kehendakmu, adakah lagi pertanyaan ? akan Ayah Ulama jelaskan.




11.Ingkang ngadeg angsal api, nanging ngadhepken napa, angsaling angin rukuke, kenging ngadhepaken napa, sujud angsaling toya, angsal bumi kang alungguh, angadhepaken punapa.




Terjemahan :


Berdiri berasal dari api, tetapi menghadap kepada apa, rukuk berasal dari angin, bisa menghadap kepada apa, rukuk berasal dari angin, bisa menghadap kepada apa, sujud berasal dari air dan duduk yang berasal dari bumi, semua menghadap kepada apa.




12.Seh Ngarip ngandika ris, ingkang ngadhep punika, urip kang ingadhepaken, urip kang tan kena pejah, rupane kadi retna, gumilang umancur, jumenenging kekarone.


Terjemahan :


Seh Ngarip berkata pelan, yang berdiri itu, kehidupan yang dihadapinya, hidup yang tak akan terkena mati, bentuknya seperti ratna, memancarkan cahaya gilang gemilang, berdiri pada keduanya.




13.Arukuk angsaling angin,angadhepaken sirullah, lir pendhah lintang wernane, cahyane gumilang gilang, malihipun punika, asujud angsale banyu, angadhepaken punapa?


Terjemahan :


Rukuk berasal dari angin, menghadap sirullah, bagaikan bintang warnanya, cahayanya gilang gemilang, kemudian sujud yang berasal dari air menghadap apa?




14.Kekasihira Hyang Widhi, kang nama Rasulullah, iku kang den adhepake, kang cahya kadi gurnita, gumebyar kadi kilat, angsale bumi alungguh, angadhepaken punapa.


Terjemahan :


(Yakni menghadapkan) kekasih Allah yang bernama Rasulullah, itu yang dihadapnya, cahayanya ramai sekali bagaikan gurita, gemebyar bagaikan kilat, duduk yang berasal dari bumi menghadap apa.




15.Rupane luwih dumeling, kang ngadhepaken iya, tanpa sama ing wernane, cahyane aluwih padhang, Sang Dyah Ayu anembah, inggih kawula asuwun, Amba Tuan jarwanana.


Terjemahan :


Bentuknya lebih nyata, yang dihadapnya ialah, tidak sama warnanya, cahayanya lebih terang, Sang Dyah Ayu menyembah, (hai, Tuan) saya mohon dijelaskan.




16.Wangsul adhepipun nalih, ingkang angsaling punapa, pan saking api angsale, kang den aturaken napa, mring Allah ta’ala, punapa malih kang rukuk, Amba paduka wejanga.


Terjemahan :


Kembali ke masalah penghadapan tadi,yang berasal dari apa, yang berasal dari api, apa yang diucapkan dari Allah ta’ala, dan juga saat rukuk, saya mohon diberitahu.




17.Apa den aturken singgih, ukarane katarimoa, wong punika sembayang, mila kula matur ing Tuan, saking tambek kawula, atanapi ingkang sujud, punapa aturena.




Terjemahan :


Apa yang akan kau katakan, kalimatnya terimalah, manusia hendaknya melakukan sembahyang, mengapa saya berkata pada Tuan, karena keinginan saya, karena saat sujud apa yang dikatakan.




18.Miwah wau kang alinggih, punapa ing Tuan, maring Gusti Allah mangke, kadi pundi karsa Tuan, angling sata Ulama, angsale pangadegipun, kang katur ing Pangeran.


Terjemahan :


Kemudian saat duduk, bagaimana Tuan, (yang dikatakan) kepada Tuhan Allah), bagaimana kehendak Tuan, berkata Ulama, waktu berdiri yang diucapkan pada Tuhan.




19.Maningkem punika Nini, katur paring ing Allah, angsal angin ing rukuk, kang katur Hyang Suksma, ingkang rukuk punika, iya ngrasa hayu-hayu, kang katur Hyang Mahamulya.


Terjemahan :


Adalah maningkem itu Nini, itulah yang dikatakan pada Allah, rukuk yang berasal dari angin, yang diucapkan pada Tuhan, ya hayyu – ya hayyu demikian yang diucapkan, pada Tuhan Yang Mahamulia.




20.Sang Dyah Ayu matur malih, kang angsal angin punika, punapa dadose mangke, angsal banyu dadi apa, angsal bumi puniku, lah punapa dadosipun, sata Ulama ngandika.


Terjemahan :


Sang Dyah Ayu berkata lagi, yang berasal dari angin, menjadi apa nant,i asal dari air menjadi apa, asal dari bumi menjadi apa, Sang Ulama berkata.




21.Apadene kang rumiyin, angsal api dadi rupa, angsal angin ping kalihe, angin iku dadi napas, kaping tigane ika, sujud angsal saking banyu, iya bayu dadi nyawa.


Terjemahan :


Adapun yang pertama, asal api menjadi wajah, asal angin yang kedua, menjadi nafas, yeng ketiga sujud yang berasal dari air, ia menjadi nyawa.




22.Kang alinggih saking bumi, iya bumi dadi badan, Si Murtasiyah ature, soal cara mahatuwa, lah Tuan wejanga sawirayat sedayanipun, kawula aywa wikana.


Terjemahan :


Duduk yang berasal dari bumi, ya menjadi badan, Si Murtasiyah katanya, tentang ngelmu tua, nah, Tuan ajarilah saya riwayat semuanya, agar saya menjadi tahu.




23.Kang Rama asru denya ling, angsal api dadi nyawa, sumrambahi sakabehe, dadi wulu kulitira, dadi dagingira, saking api angsalipun, sisi manira miyarsa.


Terjemahan :


Sang Ayah segera katanya, asal api jadi nyawa, dan meliputi semuanya, menjadi bulu dan kulitmu, menjadi dagingmu, (itulah yang) berasal dari api, Nini hendaklah kau ketahui.




24.Kawula umatur malih, otot angsale punapa, balung punapa angsale, uteg angsale punapa, utawi kang paningal, atanapi kang pangrungu, swara angsale punapa.


Terjemahan :


Saya bertanya lagi, otot asalnya dari apa, tulang asalnya dari apa, otak asalnya dari apa, demikian juga mata, juga pendengaran, suara asalnya dari apa.




25.Sata Ulama nauri, angsal bumi dadi tingal, dene kang dadi swarane, angsal saking api ika, dene ikang pamiyarsa, angsal saking bumi iku, lan malihipun punika.


Terjemahan :


Sang Ulama menjawab, asal bumi dari mata, sedangkan yang menjadi suara, berasal dari api, sedangkan pendengaran asal dari bumi, dan selanjutnya.




26.Sungsum angsal saking bumi asli, angsal saking banyu ika, dadi otot iku reke, apa dene kang sapindah, iku dadinira, angsal saking bumi iku, iya iku dadi manah.


Terjemahan :


Sumsum berasal dari bumi asli, asal dari air menjadi otot, adapun yang pertama, itu jadinya, asal dari bumi itu, yaitu menjadi hati.




27.Apa dene kang rumiyin, iya banyu nama Allah, kang dadi rupa tegese, dene banyu sujudullah, iku kang dadi swara, banyu madi kang winuwus, punika dadi cahya.


Terjemahan :


Adapun yang pertama, yaitu air nama Allah, menjadi rupa artinya, sedangkan air sujudullah itu yang menjadi suara, air wadi yang dikatakan itu menjadi cahaya.




28.Banyu iku Nini, iku kang dadi paningal, lan banyu wadi tegese, ingkang dadi pamyarsa, lawan mani temoya, iku dadi utegipun, sang Juwita matur nembah.


Terjemahan :


Air itu Nini, itu yang menjadi mata, air wadi artinya, yang menjadi telinga (pamyarsa) dan air mani menjadi otak, Sang Juwita berkata sambil menyembah.




29.Sapa sinten kang ningali, wonten sajroning tingal, lawan pangucape mangke, kang angucap jroning lesan, miyarsa jroning karsa, ya Pangeran guru ingsun, nuwun Tuan jarwanana.


Terjemahan :


Siapa yang melihat, apa yang ada dalam pikiran (tingal), dan pengucapan nanti, yang berucap dalam lesan, melihat dalam karsa, ya Tuan guru saya, mohon Tuan jelaskan.




30.Ingkang Rama alon ature, kang bumi sajroning manah, sirullah iku tegese, rupane kaya kumala, kang mirsa jroning karsa, datullah wastanireku, warnane kaya gurnita.


Terjemahan :


Sang Ayah pelan katanya, bumi yang dalam hati, sirullah itu artinya, bentuknya seperti intan, yang melihat dalam karsa, dzatullah itu namanya, bentuknya sangat terang bagai gurnita.




31.Kang ngucap sajroning ati, ingaran datullah, kaya ningkem warnane, iku kinarya werene, maring kang murbeng jagad, aja kandheg ing pandulu, ing rupa asale samnya.


Terjemahan :


Yang mengucap dalam hati, disebut dzatullah, seperti maningkem bentuknya, itu sebagai sebab, oleh yang menguasai alam, jangan berhenti pada terkaan, pada bentuk asalnya semua.




32.Dyah Ayu takon malih, linggih kang saking api punika, api ing pundi asale, angin pundi angsalira, banyu pundi pinangka, saking purwa purwanipun, kawula dipun wulanga.


Terjemahan :


Dyah Ayu bertanya lagi, duduk yang berasal dari api itu, api darimana berasal, angin dari mana awalnya, air dari mana asalnya, dari apa asal muasalnya, ajarilah saya.




33.Atanapi ingkang bumi, angsale saking punapa, kawan prakawis kathahe, saking pundi angsalira, ingkang kawan prakara, Sata Ulama amuwus, nenggih kang kawan prakara.


Terjemahan :


Akan halnya dengan bumi, asalnya dari apa, perkara yang empat hal jumlahnya itu, dari mana asalnya (masalah empat hal : api, angin, air, bumi), Sang Ulama berkata, bahwa perkara yang empat itu.




34.Anapun angsaling api, saking aksara Ba ika, lan saking aksara Tha, linaling bumi punika, saking Alif angsalnya, anenggih angsaling banyu, angsal saking aksara Kaf.


Terjemahan :


Adapun asalnya api, dari huruf Ba, (angin) asalnya huruf Tha, dan bumi, berasal dari Alif, air asalnya dari Kaf.




35.Sang Dyah Ayu anungkemi, ngrangkul padane kang Rama, adhuh Gusti Ramaningsun, kawula angsal nugraha, Sang Tapa angandika uwis putriningsun, pamulangingsun mring sira.




Terjemahan :


Sang Dyah Ayu memeluk dan merangkul lutut Sang Ayah, aduh  Ayahanda, saya merasa mendapat anugrah, Sang Tapa berkata cukuplah putriku, pengajaranku padamu.






PENJELASAN YANG LAINNYA

1.Aksara Ha aparengna, aksara Alif kang kaki, niyat iku Lam kang awal, Lam akhir niyat singgih, Hu tibaning niyati, parengna niyatipun, ya Allah jeneng Dat, tibane ingkang sayekti, Allahu Akbar sampurnaning niyatira.

Terjemahan :

Perhatikan abjad Ha, dan makna abjad Alif yang hak, niyat itu Lam awal, Lam akhir demikian juga, Hu jatuhnya niyat, pahamilah niyat itu, kepada Allah satu-satunya zat, itulah niyat yang lurus, Allahu Akbar adalah lafal niat yang sempurna.

2.Jenenging niyat tan ana, pengleburan kang kekalih, tan ana Gusti kawula, yen isih kawula gusti, mangan turu utami, kadi pundi slametipun, ron dadi satunggan, satunggal dadi kekalih, ora ilang kawula lawan Pangeran.

Terjemahan :

Niyat adalah tak ada, penyatuan yang dua, tidak ada Gusti Kawula, jika masih kawula Gusti (ketika shalat), lebih baik makan tidur saja, bagaimana agar selamat, dua menjadi satu, satu menjadi dua, tidak hilang kawula Gusti.

3.Kawruh iya kawula, parengna sihing Hyang Widhi,lamun tunggal kang kawula, tan ana ingkang ngarani, ingkang anebut Gusti, tan liya kawulanipun, dadi nyata Pangeran, ingkang nembah kang muji, pan kawula kinarya aling-alingan.

Terjemahan :

Pengetahuan seorang hamba, pikirkanlah kasih sayang Tuhan, jika manunggal dengan hamba, tidak ada yang menyebut Tuhan, kecuali adalah hamba-Nya, jadi sesungguhnya adalah, Tuhan sendirilah yang menyembah dan memuji, hamba hanya dijadikan sarana.

4.Kawula anggone nyata, kahananira Hyang Widhi, pan angaken wujud tunggal, kekalihira Hyang Widhi, amung jenenging jalmi, kekalihira Hyang Agung, amung jeneng manungsa, kang dadi tibaning sang sih, mora ana liyane ingkang manungsa.

Terjemahan :

Hamba adalah tempat wujud nyata, dari keadaan Tuhan yang sesungguhnya, jika dikatakan wujud tunggal, yang kedua adalah Tuha., yang namanya manusia, adalah kekasih Tuhan, yang namanya manusia, adalah menjadi tempat anugrah, tidak ada yang lain selain manusia.

5.Endi kang aran manungsa, ingkang terus lahir batin, kang narima ing Hyang Suksma, tan darbe polah kekalih, amung marang Hyang Widhi, kang paring marga luhur, apan tan ana liyane, Pangeran ingkang ngasihi, den anarima sih nugrahaning Hyang Suksma.

Terjemahan :

Siapakah yang disebut manusia, yang terus lahir batin, (yang dalam dirinya) ada Tuhan, tidak memiliki gerak mendua, hanya kepada Tuhan, yang memberikan jalan yang luhur, dan tidak ada lain, hanya Tuhan yang memberi anugrah, maka segala apa yang di anugrahkan Tuhan hendaknya diterima.

6.Utawa jenenging shalat, lelima kathahe nenggih, dhihin Shalat Jumungah, kang kawetu saking lathi, pakumpulaning jalmi, Shalat Jumumgah ranipun, samya den estokna, kang kelahir saking lathi, iya iku lakune Shalat Jumungah.

Terjemahan :

Shalat itu ada lima jenis, pertama shalat jamaah, adalah apa yang keluar dari lidah, tempat berkumpulnya orang-orang, itulah yang disebut shalat jamaah, laksanakan dengan baik, apa yang telah diucapkan, itulah laku shalat berjamaah.

7.Kang sira den ucapna, asih lahir lawan batim, ja katungkul wus manuta, Kanjeng Nabi kang sinelir, kekasihing Hyang Widhi, punika analika wau, yogya angawruhana, bangsa lahir lawan batin, iya ik kang aran Shalat Jumungah.

Terjemahan :

Apa yang engkau ucapkan, selaras antara lahir dan batin, yang terlena oleh karena mengikuti saja, Nabi yang dikasihi, yang dicintai Tuhan, hal yang demikian itu, pahamilah apayang lahir dan yang batin, itulah yang dimaksud shalat jamaah.

8.Ping kalihe Salat Wusta, dadi papadhang kang ati, tegese kang nora pegat, samaning alamiing ati, sapatemon Hyang Widhi, kaya parena patrepipun, lamun atetemu, nora kontha nora wani, tegesipun jaba jero awasira.


Terjemahan :

Yang kedua adalah shalat wusta, menjadi penerang hati, adalah tidak putus, sama dengan lama hati, bertemu dengan Tuhan, sebagai tujuan hidupnya, hendak bertemu dengan-Nya, zat yang tanpa rupa tanpa warna, maka luar dalam waspadamu.

9.Ping kalihe Shalat Wusta, jenenge kawula Gusti, pan kawula nora ana, kawula jenenge napi, apa nora ndarbeni, purba wasesa puniku, pan kagenten Hyang Suksma, weruha marang Hyang widhi, polah tingkah iku purbaning Pangeran.

Terjemahan :

Yang kedua shalat wusta, namanya hamba dan Tuhan, bahwa hamba sesungguhnya tidak ada, hamba itu bersifat nafi, dia tidak memiliki, purba wasesa semua adalah hak Tuhan, Tuhan dan segala gerak laku adalah kehendak Tuhan.

10.Shalat kang kaping tiga, aja ningali kekalih, eroh jasad winicara, jasad eroh kadi pundi, papan dadi gegenti, nggone nyata kendhang agung, jati-jatining tunggal.

Terjemahan :

Shalat yang ketiga (yaitu shalat haji), jangan lagi melihat hamba dan Tuhan secara dualis, ruh yang berbicara, fungsi jasad digantikan oleh ruh, tempat kenyataan “kendang agung”, kesatuan yang sebenar-benarnya.

11.Iya iku durerasan, panemu kang angawruhi, luput bener kawiwara, lupute pan kadi pundi, luput kang dereng yekti, abener kang sampun weruh, yogya den gurokna, punika jenenging ngelmi, Shalat Haji poma sami kawruhana.

Terjemahan :

Hal itu bukanlah bahan pembicaraan, (hanya) pendapat yang mengetahui, tentang salah benar oleh Sang Pujangga, mana hal yang salah, salah bagi yang belum mengalami, benar bagi yang sudah mengetahui, maka carilah guru (yang mumpuni), itulah yang namanya ilmu, yakni pahamilah makna shalat haji.

12.Waler sengker kang satengah, yen lamun arebut ngilmi, tan ana gelem kasirnan, datan reja mupakati, mila pating barekin, labete rebutan kawruh, yeku sami wasisnya, tan mikir luputing diri, kaluputan ngelmune pan dadi sasar.

Terjemahan :

Sebagian adalah hal yang dilarang, jika hendak memperebutkan ilmu, tak ada yang mau kehilangan, tidak juga mau bermufakat, maka ramai tidak karuan, padahal maksudnya mencari ilmu, tapi sama-sama merasa pandai, tidak mau berfikir kemungkinan kesalahan diri, padahal jika salah maka jadilah tersesat.

13.Dadine wong kang rayah, angresa wasis pribadi, tanpa ngrasa yen kapurba, dalil Qur’an ili muni, arepa mengawruhi, pan akeh jenenging ngelmu, dadi wong punika, weruha ngelmu sejati, darbe raga aja angrasa yen bisa.


Terjemahan :

Jadinya orang-orang saling berebut, merasa paling pandai, tidak merasa, dalil Qur’an itu berbunyi (bahwa) jika hendak mengetahui, menunutut ilmu yang banyak, manusia harus memahami ilmu sejati, punya badan jangan merasa kalau bisa.

14.Shalat Daim ping sekawan, nora mengeng saking ati, uwis eningali, marang Maha Hyang Kang Luhur, jenengipun malrifat, tan ana Gusti kekalih, kang kasebut ing ati Allah Kang Tunggal.

Terjemahan :

Keempat adalah shalat daim, tak pernah putus dalam hati, sudah melihat terhadap Tuhan Yang Mahaluhur, itulah makrifat, tak adalagi Tuhan dan hamba, yang disebut dalam hati, hanyalah Allah Yang Tunggal.

15.Aja angeloro Pangeran, ing awal tumekeng akhir, awake pun durung ana, jenenge akhir kang keri, akhir jisime isi, awek jeneng rohipun, pan dadi kanyatan, manipaksa  sejati, iya iku tegese tunggal tinunggal.

Terjemahan :

Jangan mendua Tuhan, dari awal hingga akhir, zat-Nya memang belum ada, namanya akhir yang ketinggalan, yang akhir jasadnya, kemudian diberi ruh, yang menjadi kenyataan, keterpaksaan sejati, itulah artinya satu yang menyatu.

16.Tegese kang kaping lima, kanugrahan kanugrahan kang sayekti, Shalat Ismu Ngalim ika, jenenging roh lawan jisim, yogya dipun kawruhi, tegese kang Maha Agung, asma Allah tan pegat, aningali kang dumadi, jagat iku yekti langgeng aneng suksma.

Terjemahan :

Yang kelima artinya adalah, anugrah yang sejati, namanya shalat ismu alam, adanya roh dan jasad, sebaiknya pahamilah, maksudnya Yang Maha Agung, sebutlah asma Tuhan tak pernah henti, melihat Tuhan dunia akan abadidalam suksma.

17.Tan pegat ing tingaliran, dadine bumi lan langit, iya iku kanugrahan, kang dadi ayat sayekti, kang kajenging ngelmi, tan ana loro tetelu, jenenging kanyatan wajah, tuwah ingkang suci, iya eroh tegese kang aran wajah.

Terjemahan :

Tanpa henti perhatianmu, (memikirkan) terjadinya bumi dan langit, itulah anugrah kehendak Allah, merupakan ayat atau tanda yang sejati, yang dikehendaki ilmu, tidak dua atau tiga, itulah kenyataan wajah (doa tawajuh), mantra yang suci, yang dimaksud wajah adalah ruh.

18.Utawi tegese pan, kathahe ingkang prakawis, ingkang dhingin pana ing Dat, kapindha sipat, kaping tiga winardi, wong kang pan apngalipun, tegesee pan ing Dat tan anane nenggih, ora ana anging Allah wujud baka.


Terjemahan :

Ada hal yang perlu diketahui, tentang tiga hal, pertama adalah zat, kedua sifat, dan winardi, yaitu orang yang tahu ag’alnya, maksudnya zat adalah, tidak ada zat lain kecuali zat Allah yang kekal abadi.

19.Anapun ana sipat, akabutana urip, langaliman lakuta, tan ana kuwasa singgih, tan ana angawruhi, anging Allah ingkang agung, kang amurba amasesa, tan ana ingkang madani, ora urip anging Allah Wujud hayat.

Terjemahan :

Ada pun yang disebut sifat, adalah disebut hidup, menguasai alam malakut, tak ada yang berkuasa, tak ada yang memberinya ilmu, hanya Allah Yang Agung, yang amurba amasesa, tak ada yang menyamai, tidak hidup kecuali Allah wujud hidup.

20.Tegese pan apngal, anane duwe pangreti, anging Allah ingkang karya, kawula tan anduweni, salira polah jisim, tan ana iya kaetung, miwah panggawe kita, tan rumangsa anduweni, apngalira ora ana kang kuwasa.

Terjemahan :

Ada pun yang disebut af’al, adanya punya pengertian, hanya Allah yang berkarya, hamba tidak memiliki, baik jiwa maupun raga, tidak ada yang terhitung, termasuk perbuatan kita, bukan kita yang memiliki, ketahuilah bahwa hambasama sekali tak memiliki kuasa.

21.Sing sapa weruh ing awak, iku weruh marang Gusti, tegese wruhing salira, tan ana wujude singgih, mapan kawula napi, datan ana wujudipun, tandane wruhing Allah, kawruhana kang sayekti, ora ana anging Allah kang mulya.

Terjemahan :

Barang siapa tahu akan dirinya, akan tahu siapa Tuhan-nya, maksudnya barang siapa bisa memahami sesungguhnya dirinya itu tidak ada, bahwa dirinya itu nafi, tak berwujud apa pun, pertanda ia tahu akan Allah, ketahuilah yang sesungguhnya, tak ada lain kecuali Allah Yang Mahamulia.

22.Angendika Rasulullah, pangawruh ingkang sayekti, sing sapa nembah ing asma, ora weruh asma singgih, punika dadi kapir, yen tan weruh tegesipun, wong munapik, wong ngaku tan wruhing asma.

Terjemahan :

Berkata Rasulullah, ilmu pengetahuan yang sejati, adalah barang siapa yang menyembah asma (Tuhan), tetapi tidak tahu siapa asma (Tuhan) itu, sungguh dia itu kafir, kalau tidak tahu artinya, orang munafik, orang yang mengaku tidak tahu akan asma (Tuhan-nya).

23.Wong weruh asma lan makna, sirik yen ora ngawruhi, wong kang weruh marang makna. Kelawan hak angawruhi, yen ta wus weruh iki, yaiku mukmin satuhu, lan tinggal ingkang makna, hak ingkang dipun kawruhi, iya iku kang aran mukmin makrifat.

Terjemahan :

Orang (harus tahu akan) asma dan maknanya, syirik jika tidak mengetahuinya, orang yang tahu akan makna, dengan pengetahuan yang benar, kalaulah sudah tahu, itulah mukmin yang sebenarnya, dan tinggal makna, kebenaran yang diketahui, itulah yang disebut mukmin makrifat.

24.Angendika wong hakikat, alabtu thalabul rahmi, ingsun ngulati roh iku, kaya ngulati Hyang Widhi, lan tegesipun ngulati, roh kelawan ingkang agung, lah para kabeta roh, nora beda ngelmu jati, iya eroh lan Pangeran antaranya.

Terjemahan :

Berkata ahli hakikat, saya mengenali (melihat) ruhku, seperti mengenali Tuhan, dan maksudnya mengenali ruh yang Agung adalah (dengan) mendekatinya ruh, tidak beda dengan ilmu sejati, ialah antara ruh dan Tuhan.

25.Ngendika Seh Mahmud ika, adoh mesih ing Hyang Widhi, kaya pisaha kapir, saking suwarga kang luhur, lapal watarkus shalat, tinggal ashalat sayekti, luwih luhur tinggal shalat banjur ngojah.

Terjemahan :

Berkata Syekh Mahmud, jauhnya tempat Tuhan bersemayam itu, seperti jauhnya orang kafir, dari surga yang luhur, (karena mereka) meninggalkan shalat sejati, lebih luhur tinggal shalat lalu ngobrol.

26.Tegese atinggal shalat, salat lahir lawan batin, tan ngresa memuji nembah, eling kang sawiji-wiji, apan nora ndarbeni, panguwasa polahipun, anging nikmating tingal, tang angrasa nembah muji, polah tingkahe Allah kang shalat.

Terjemahan :

Meninggalkan shalat itu maksudnya, shalat lahir dan batin, tak merasa memuji menyembah, ingat pada satu-satunya, tidak merasa memiliki, tak berkuasa atas tindakannya, hanya anugrah Allah, tak merasa menyebah memuji, seluruh tindakan shalat adalah tindakan Allah.

27.Sampurnane shalat iku, nora ningali kekalih, nora ningali Pangeran, kawula nora kaeksi, ilang kawula Gusti, tan ana dulu dinulu, ananging idhepira, kang anembah kang amuji, pan kagenten sih nugrahaning Pangeran.

Terjemahan :

Sempurnanya shalat itu, tidak melihat dua, tidak melihat Tuhan, hamba tidak diperlihatkan, hilang kawula Gusti, tak ada kuasa menguasai, tetapi maksudmu, yang menyembah dan memuji itu, telah diganti oleh anugrah Allah.

28.Angandika wong utama, shalat iku malih-malih, kang ngendi tegese nyata, kang aran nyata kang endi, tegese nyata iki wau kang nyata satuhu, nyata ing dalem akal, ingkang nyata ingkang ngendi, alak iku roh satuhu kawruhana.


Terjemahan :

Berkata orang yang utama, shalat itu berubah-ubah, mana yang dimaksud nyata, yang disebut nyata yang mana, artinya nyata ini yang benar-benar nyata dalam akal, yang nyata yang mana, akal itu adalah roh sejati maka pahamilah.

29.Anapon shalat pasa, lawan jakat munggah Haji, pinedhakken brahala, mapan jeneng shalat wajib, wektu metu iki, wektuning shalat kawektu, iku dadi brahala, apan isih amemuji, pan tinampi kasembahe dadi brahala.

Terjemahan :

Adapun shalat puasa, dan zakat serta naik haji, meruntuhkan berhala, adapun shalat wajib, (adalah tergantung pada) waktu, waktu shalat yang ditentukan, itu menjadi berhala jika masih memuji, tidak diterima panembahnya jika masih jadi berhala.

30.Pundi tegese asalat, wong kang weruh ing Hyang Widhi, kelawan ati kang padhang, kawruhana kang sayekti, aja kaliru tampi, jatining ening puniku, pundi eningkang tunggal, kang ingaran ati ening, iya iku cahyaning e-Dat kang nyata.

Terjemahan :

Bagaimanakah maksud shalat, orang yang mengetahui Tuhan, dengan hati yang terang, pahamilah yang sebaik-baiknya, jangan sampai salah terima, sesungguhnya hening itu, adalah hening pada Yang Tunggal, yang disebut hati hening, yaitu cahaya zat yang nyata.

31.Angandika Abu Bakar, kinasihan ing Hyang Widhi, ingkang antuk rahmatullah, tegese shalat sejati, tarkulu syai’in, ing tinggal sawiji iku, kang liyan saing Allah, tan ana sawiji-wiji, anging tunggal Allah kang murba misesa.

Terjemahan :

Berkata Abu Bakar, orang yang dikasihi Allah, yang mendapat rahmatullah, bahwa yang dimaksud shalat sejati adalah meninggalkan segala sesuatu dan memusatkan pada satu hal, bukan pada yang lain selain Allah, tak ada sesuatu pun melainkan hanya Allah Yang Esa, yang amurba amasesa.

32.Tegese anane shalat, sekawan kathahe nenggih, kalima sampurnanira, dhingin wulu tanpa warih, kapindho niyat singgih, ikrar kaping tiganipun, kaping sekawan makrifat, tan kelawan netra jati, ping limane nora kelawan makrifat.

Terjemahan :

Yang dimaksud shalat, empat jumlahnya, dan kelima kesempurnaannya, pertama wudhu tanpa air, kedua niyat, ketiga ikrar, keempat makrifat tanpa netra jati, dan kelima tanpa makrifat.

33.Kang sira awas makrifat, yaiku yekti Hyang Widhi, kang muji pinuji dawak, memuji pujining Widi, tan ana liyan sejati, anging Allah ingkang Agung, ilang jeneng manungsa, tan ana makhluk sejati, anging Allah ya jenenge ingkang shalat.

Terjemahan :

Ingatlah dikau waspada makrifat, yaitu Tuhan yang sesungguhnya, yang memuji dan dipuji sendiri, memuji pujian-Nya, tak ada yang lain sejati, hanya Allah yang Agung, hilanglah esensi manusia, tak ada makhluk yang sejati, hanya diri Allah-lah yang melakukan shalat.



0 komentar:

Posting Komentar

"Silahkan berkomentar yang baik, dan lebih mendekati pada kebenaran"



Semua Manusia akan rusak,kecuali yang Berilmu... Orang yang berilmu pun akan rusak ,kecuali orang yang beramal... Orang yang beramal juga akan rusak ,kecuali orang yang Ikhlas (Imam Al-Ghozali)